Pak Lurah : Assalamualaikum ... Nyuwun sekedek wektune
marang pemuka masyarakat deso rejomulyo, kulo selaku lurah ten deso niki
sengaja ngumpulake ibu-ibu sedoyo kagunggan bahas rencana kita nganaaken
perbaikan dalan ten deso niki.
Bu RT
: Pripun pak Lurah napa wanten dana bantuan sangking pemerintah kangge
rencana kita nganaaken perbaikan dalan kanggo deso rejomulyo niki tepate pun
ten RT: 03 RW: 03.
Bu RW
: Enggeh pak? Dalan ten mriku sampun mboten sae kangge di ambah warga...
Amargi dalana sampun rusak parah.
Warga
: Sedoyo warga pun nggeh pada
ngangkluh menawi lewat ten dalan mriku pak.
Pak Lurah
: Nggeh... Ibu-ibu sedaya mulane saniki kula bade nyampeaken amanat
sangking pemerintah. Niki wonten sekedek dana sangking pemerintah kangge
perbaikan dalan, pemerintah maringi dana segedenipun Rp. 5.000.000,00.
Bu RT : Alhamdulillah.. Sanget newonten dana
bantuan sangking pemerintah. Tapi topo cukup pak, arto semonten kangge
perbaikan dalan, dalane mawon sampun parah sanget rusake.
Warga : Pripun nek mangkeh pipendetke arto
tambahan sangking kas.e warga pak.
Bu RW
: Kula wonten usul pak.. Pripun nek di suwunke iuran langsung, sangking
warga mawon.
Bu RT : Nek ngoten topo mboten malah
mbebanke para warga tha pak.
Pak Lurah
: Ngenten ibu-ibu sedaya... Nek
kita nyuwun iuran langsung sangking warga, sedaya warga pasti pada keberatan,
toh malah mangkeh kita nyusahke para warga. Niki mawon napa... Kita pendetke
arto tambahan sangking kas mawon, artone kas digunake kanggo keperluan koyo
ngonten niki, kan niki nggeh kangge kebaikan warga juga. Pripun ibu-ibu sedaya?
BU RW
: Nggeh mekaten niku mawon napa pak ? Pak RT, cobi kas.e warga sampun
angsal pinten.
15.22
0 Responses to "GOT TO LOVE ANYMORE"
Posting Komentar