Subscribe to our RSS Feeds
Hello, this is a sample text to show how you can display a short information about you and or your blog. You can use this space to display text or image introduction or to display 468 x 60 ads and to maximize your earnings.

GAGAH TANPO ARAH

0 Comments »
Sendang Mulyana

Dening Sendang Mulyana Ana petinggi ngampleng andhahan. Ana partai politik polah, adate banjur mothah.
Sing rumangsa darbe kuwasa sumuk, adate banjur umuk. Mahasiswa regudugan pengin ngowahi kahanan, nanging malah antem-anteman lawan aparat keamanan. Kabeh padha adol gagah.

GAGAH, gedhe, dhuwur, pidegsa, pancen dadi idhaman. Apa maneh lamun kadunungan watak satriya, ber budi bawa laksana. Wanodya ngendi sing ora bakal kepranan? Bab sesebutan gagah pancen asring magepokan marang lanang. Arang-arang wong wadon antuk sebutan gagah, kajaba sing bener-bener madeg dadi prajurit maju perang. Wong lanang gagah kuwi sing kaajap bisa ngayomi lan ngayemi.
Mahapatih Gajah Mada uga digambarake gagah, mencereng, minangka agule-agule Majapahit kang tan gigrig tumekeng lalis. Dheweke nganti bisa dadi simbul kuncaraning Majapahit. Satleraman, wong gagah pancen kaanggep kadunungan sipat teteg, tangguh, tanggon, bisa mrantasi samubarang gawe.
Kuwi biyen. Jaman terus lumaku. Saiki sebutan gagah ora mung ditrapake ana ing gedhening awak (fisik), nanging bisa uga tumempel marang wong pinter, sugih, lan kuwasa. Wong pinter kuwi gagah, sebab bisa dadi parang pitakonane wong akeh saengga kuncara. Wong sugih kuwi gagah, sebab bisa dadi parang jujugane wong ngelih lan ngelak saengga kondhang. Wong kuwasa kuwi gagah, sebab bisa ngerehake wong akeh saengga rampung pakaryane bebrayan.
Kepriye yen pinter nanging seneng minteri, sugih nanging malah srakah, kuwasa nanging cengkiling kumawasa? Apa pantes ingaran gagah? Mrebawani Ana pawanti-wanti, aja mumpung kuwat lan gagah banjur gtanpa arah-arah. Werdine, nalika kuwat lan kuwasa aja tumindak gegabah lan tanpa dipenggalih kanthi wening. Saliyane sebutan gagah, ana sebutan liya sing pantes kaudi, yaiku mrebawani. Mrebawani kuwi bisa gawe wong liya sungkan jalaran wong kuwi kadunungan kawibawan.
Ngampleng supaya wong liya wedi lan tundhuk kuwi patrapi cah ngarit rebutan suket, cah angon rebutan laladan pangonan. Petinggi sing seneng ngampleng prasasat wong gagah, jalaran darbe panguwasa, nanging tanpa arah-arah. Mesthi wae andhahan ora bakal males, lan beja banget ora nekat males. Umpama nganti kedadean wales-winales apa ora gawe wirange negara?
Pancen ora gampang dadi petinggi. Usus kudu diulur dawa sanajan ngerti andhahane curika. Ora teges ngumbar tingkah-polahe andhahan sing curika kuwi, nanging carane sing kudu diudi kanthi premati. Yen grusa-grusu, ati gampang kebranang, malah butheg banyune ora kena iwake. Kamangka, andhahanya balane andhahan curika mau pirangpirang. Mula, ora mokal andhahan sing curika lan sawadya balane malah bisa ngalihake crita. Irah-irahane crita ganti dadi “Wakil Menteri Ngampleng Sipir“, kamangka sakawit “Pakunjaran Sarang Candu“.
Petinggi sing mrebawani tansah titis nggennya tumindak. Lantip panggrahitane saengga ora kagetan, satemah ora gampang dicecenges dening andhahan. Nembe mlirik lan mlorok wae andhahan wis salah tingkah.
Mahasiswa minangka kawula mudha uga perlu ngati-ati nalika ngatonake gagahe. Aja nganti gampang keblidhuk dening kepentingan-kepentingan siluman sing pengin gawe ontran-ontran. Eman banget yen niyat suci nedya gawe owah-owahaning nagri dimen saya apik kepanjingan penyakit ugungan lan gagah-gagahan.
Golek Gagah Nalika rakyat kamitenggengen, reregan mundhak tanpa landhesan sing cetha, malah kepara ana sing dolanan kahanan ngeruk keuntungan, partai-partai politik malah padha golek gagah. Kabeh mbengok atas nama rakyat. Kamangka, golek gagah kuwi bisa mbilaheni.
Ing jagat pewayangan, ana crita putra narendra arep golek gagah, nanging wekasane malah mati njrebabah. Lesmana Mandrakumara, putrane Prabu Duryudana, putra mahkota Ngastina, kondhange kongas, sombong rumangsa balane akeh, nanging jirih getih, wani silit wedi rai. Nalika Perang Baratayuda, dhewekke arep gawe pangeram-eram.
Abimanyu sing wis tumekeng pralaya merga dikeroyok dening Jayadrata lan prajurit Ngastina pirang-pirang, gugur kanthi jumeneng, arep dipaeka dening Lesmana. Lesmana marani Abimanyu kanthi laku bedendang-bedendeng, pethitha-pethithi, kumalungkung arep nigas janggane Abimanyu.
Kamangka, adate yen weruh ayang-ayange Abimanyu wae, Lesmana mlayu sipat kuping. Pangajabe, dimen para prajurit lan kawula Ngastina ngira yen dhewekke sing kasil mrejaya Abimanyu. Lesmana pengin diaunggep pahlawan, dikeploki, ngambar arum jenenge, lan pantes dadi panguwasa Ngastina.
Nanging, ora ngerti sangkan paraning bilahi, nalika Lesmana Mandrakumara arep nigas janggane Abimanyu, pusaka Pulang Geni ing astane Senapati Pandawa kuwi lepas. Lesmana sing arep golek gagah malah mati njrebabah! Crita kuwi bisa dadi kaca benggala. Yen kahanan saiki ana sawijining wong utawa kekuwatan arep golek gagah, kudune mikir makaping-kaping. Salahsalah malah bakal nemu wirang! Saben-saben rega lenga mundhak tuwuh regejegan. Jan-jane, dudu mundhak-mudhune rega sing dadi underaning prekara. Nanging, sapa sejatine sing dolanan kahanan kanggo kepentingane dhewe, lirwa marang kepentingane bebrayan? Sing nyepeng panguwasa adate dadi sasaran cubriya. Kandhane para winasis, mbebayani yen wong miskin dadi panguwasa, nanging luwih mbebayani yen sing nyekel panguwasa kuwi wong sugih nanging srakah (rakus).
Ah, rakyat mung bisa dolanan recehan. Ora apaapa. Tinimbang adol gagah, tanpa arah-arah, mung gawe dredah. Ngugemi dhawuhe simbah: sapa sing gelem obah mesthi bakal mamah!
04.00

0 Responses to "GAGAH TANPO ARAH"

Posting Komentar